Tampilkan postingan dengan label kuliah. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label kuliah. Tampilkan semua postingan

9.6.10

The First Day

Tuesday October 28th 2008, 9:27 pm


dina pertama kuliah, dina pertama puasa. . .


             Nyong bener bener ora nyangka ari dina pertama nyong kuliah bakalan kaya kiye, masalahe nagena kuliah kuwe enak, jebule ora terlalu lah. Pan ngomong enak kepriben, saiki ya, wis tekane telat, nyong salah ngileng jadwal. Critane kaya kiye, pas kanca-kancane nyong pada ngisi irs, nyong sisan ngisi, eben ana sing ngwarahi ngonong, nah pas milih kelas MPKT, nyong durung ngileng jadwal sing neng gedung loro. Akhire jare kancane nyong, kongkon ngawag bae. Nyong akhire milihe neng ruang siji. Bar balik sing lab. Komputer, nyong maring gedung loro, ngileng ruang MPKT, jebule nyong ruan g selikur, tapi nyong cepet-cepet ngganti irs oh, eben bener.


             Pas mangkat, nyong nggawa bukune sing jadwal salah mbiyen. Akhire nyong manjing ruang siji. Nyong tembe nyadar pas kuliahe wis rampung, neng kono nyong bingung nemen iz, akhire nyong takon dosen sing ngajar MPKT, monine kongkon langsung ngomong PA-ne bae. Nyong wis rada lega lah ya, secara miki bingung nemen. Nyong rencanane pan ngomong dina selasane, soale bar MPKT ana kuliah maning. Bar kuliah ana ngumpul-ngumpul karo senior, asline yaaa penting ora penting sih! Awit sing jam siji, sampe jam setengah lima, senior kwe dongene njaluke apa sih? Ngongkon-ngongkon yunior sakepenake dewek, prengasane apik ndean oh. . . jare nyong tah ya, sebagai seorang yang perpendidikan tinggi dan mengaku bermoral dan berintelektual (ari sing ngaku kaya kuwe, ari sing ora yaaa karepe!) dongene aja mbuang-mbuang waktu nggo hal-hal sing ora kepepet karo penting. Oke wis, ngumpul nggo tujuan sing apik, eben luwih perek karo senior, trus kenalan karo kabehe. Tapi, memange laka apa sing carane luwih efektif? Toh, saben bocah wis nduwe keperluan sing asline luwih penting karo mendesak ketimbang mau.


             Nyong paling ora seneng, ari senior ngadakna ngumpul-ngumpul kwe nggo nggolet maba sing ayu karo kasep. Takone, wis duwe pacar apa durung? Jare nyong pribadi, ari pan takon kaya kuwe aja neng forum-forum sing pancen ora pantes. Kuwe tah nggo kepentingan pribadine uwong oh, dadi para senior sing ngrasa esih nduwe moral intelektual, nyong mein saran, aja kaya kuwe ya mas-mas, mba-mba! Untuk menghormati, menghargai, dihormati dan dihargai seseorang, ora kudu kaya kuwe carane, neng UUD 1945 laka kaaa. . . dadi laka aturan resmine, titik. Nggo bocah-bocah maba, ngko ari koen-koen wis pada dadi senior, nyong njaluk tulung kerjasamane, aja pada kaya kuwe. Ente-ente kabeh kwe harapan bangsa, ngarti? Syukur ari ngarti, ari ora yaaa goleti, bisane ora ngarti.


             Lanjut yuh, wis kaya kuwe, balike nunggu sing arane bis warna kuning gratis, alias bikun, suwene por-poran, masya Allah nemen lah pokoke. Nyong dudu moni nyalahna puasa, ora tah ora, wis kesel nemen, endase mumet, pas lagi puasa, tase abot, nggawa laptop ana apa, laka bikun maning, ya wis oh, pating tlektek mbuapa!! T_T


Bener-bener sing arane dina pertama, ora enak nemen iz. . .
Nyong pengin dina selasane luwih apik saka wingine, amin.

The Second Day

Tuesday October 28th 2008, 10:13 pm


Dina keloro kuliah,


             Nyong ora nggawa laptop, soale balik kuliah ana kumpul maning karo senior. Biasa, kaya kuwe lah. . . sesi telu, asline ana kuliah kemahiran bahasa arab 1, tapi jebule dosene ora mangkat soale ana sing ninggal, innalillahi. . . mbuh kwe nyong ora patia ngarti sapane dosen sing ninggal. Pertamane tah maring perpus disit, critane ya apen-apen nyilih buku, soale nyong sadar saiki sejen karo mbiyen pas SMA. Apa maning jurusan sastra indonesia, paling ora ya kudu sering-sering maca buku sing rada mikir setitiklah, aja mung mbaca-mbaca majalah tok, sing isine fashion, model-model klambi sing lagi ‘in’ trus sing regane selangiiiiit. Ora papa sih mbaca kaya kuwe, tapi ya sewulan pisan lah, nggo ngarti-ngarti tok. Arane urip neng Jakarta, sing jarene ‘ibukota negara, pusat ilmu budaya bangsa’ jare lagu tah kaya kuwe, mbuh kuwe sing asline kayong apa, nyong ya durung patia ngarti nemen, soale tembe sewulan neng Depok. Okeh?! Okeh wis.


             Nyong pan mule crita kyeh, pas kuliah Pengantar Linguistik Umum, sing ngajar arane Pak Untung Yuwono, enaklah wonge, esih enom, saumuran bapane nyonglah, ndean tah 40an umure. Soale esih enerjik, ceileee, panganan apa maning kwe? Nah, nyong neng kono berusaha aktif takon, njawab, ngetokna uneg-uneg sing asline pengin tak omongna, alhamdulillah Pak Untung menghargai apa yang saya utarakan. Pas sesi loro, kan kuliah Pengantar Kesusastraan, sing ngajar arane Pak Ibnu Wahyudi. Pertamane tah beliau ngomong kaya kiye “kalian ingin tau nama saya kan? Oke, kalian maunya saya tulis nama saya memakai bahasa apa dan huruf apa?” nyong nyelemong oya, “Kanji Pak!”, eeee, jebule bener-bener ditulis nganggo tulisan Kanji, Subhanallah ah. . bar kuwe, beliau takon maning, “bahasa apa lagi?” nyong tambah penasaran oya, akhire nyelemong maning “Bahasa Arab Pak!”, eeee, memang bener-bener nganggo bahasa Arab. Buseeet ah, kerenlah pokoke! Oia, klalen, hehe. . . arane Pak Ibnu wahyudi. Dosene lucu, kocak, humoris, gokil nemen, narsis, kaya wong enom ngononglah, padahal ya ndean umure wis 50an, tapi nyong ngalem maring Pak Ibnu. Trus, wis kaya kuwe, beliau ora gelem diundang nganggo ‘Pak’, njaluke diundange ‘Mas’, jare tah eben katone enom terus. Kaya kuwe, bagus-bagus. . .


             Lanjut yuhhh,bar kuwe kumpul karo senior, nyong nganggo kesempatan sing ana nggo njaluk tandatangan, ya olih-olih telu mbuh papat mbuapa. Lumayanan lah daripada ora sama sekali. Oiya, nyong sempet njaluk tandatangan maring sing arane Kak Prima, beliau adalah ketua IKSI(Ikatan Keluarga Sastra Indonesia) angkatan 2006. Lagi nyong takon seneng musik apa, kae tah njawabe pop, trus aku mikir, daning pada karo liyane yah, kan akeh-akehe pop. Eee, jebule ngomong maning, ‘keroncong juga suka’. Akhire nyong takon oh, “Kak Prima dari SMA mana emang?” “Saya dari Kebumen,”. Ooooo, pantesan senenge musik keroncong. Soale ari wong-wong jakarta asli, paling senenge musik Pop, R n B, Klasik, Jazz, standar nemen loh, jarang bae ana bocah enom sing seneng lagu-lagu keroncong neng jaman saiki, iya belih??? Brarti, ora salah pilih ketua IKSI, soale kudu duwe keunikan dewek sing rada sejen karo wong liya-liyane. Kak Prima ya takon nyong, “Kamu idha yang dari Tegal ya?” “iya Kak,hehe, deket tuh ama Kebumen, tetanggaan,” jebule Kak Prima kemutan maring nyong lagi pas kenalan, hehe, rada Ge-Er satitiklah ora papa.


             Bar kuwe nyong balik karo sing arane Aruna(aran samaran) nganggo bikun, pas mlaku nyebrang, bocah kuwe mlakune lendeekkkk nemen, akhire nyong ndisiti, daripada mlakune kaya putri Solo, soale nyong pribadi, tipe wong sing ora seneng 5L, inggih punika ‘lelet’, ‘lemot’, ‘lebai’, ‘lola’, ‘lendekkk’, nyong wis anjog ngarep gang matrial, menungsa kuwe mbuh neng endi, ora katon. Akhire tak tinggal, padahal nyong wis tau ngomong, ari nyong senenge ‘cepet’ alias ora mbuang-mbuang waktu nggo mlaku tok. Jujur, secara nyong lemu, rada pendek, nah bocah kae, duwur, lemune pada bae nyong, dongene kan sikile dawa, dadine mlakune cepet. Eeee, jebule kaya kuwe. Tapi, nggo nyong ora masalah, sing menting kae ora nggawe masalah karo nyong, trus nyong ora ngrasa di rugikna, ora papa. Tapi, yaaa aja tambah lendek mlakune. Okeh?!


Mangan Ganyong nganggo sumpit, nyong pan pamit disit. . . ^_^

Kuliah Penuh Tawa

Thursday October 30th 2008, 1:34 am


hari ni kuliah Pengantar Linguistik Umum, waaahhhhh… agak ngantukk!
heheeheee,
tapi, kuliah ke-2 inggih punika Pengantar Kesusastraan, parah bgt Chuyy..
abisnya Dosen(Mas Iben) gokil abizzz.. gada matinye deh pokokna mahh,
ga ngantuk, ga suntuk, ga bosennn, mata bakalan melek semelek-meleknya pas kuliah ntuhhh…
kalo ga percaya, coba aja masuk ke kelas Qta…
hahahahaaaahhggghh,
ntuh sesi bisa mengobati stres, frustrasi(tulisan yg bnr ya ntuh, bukan Frustasi,salah besar!! okeh?)
biz ntuh kemahiran bahasa arab,weizhh disuruh baca aksara Jawi kuno..
Begghhhh, bingung dahh!!
tapi, kalo d pikir2 asik jg cih..
secara…ga smua org punya ksmptn bwt bljr gituan, n ga smua orang bisa,jadi…gw harus Bisa!!!
Semangat!!
^_^


*rindu kelas mas Iben,

Cerita Papandayan (7): Selamat Datang, Pondok Seladah!

Hai guys, ketemu lagi dengan gw di acara “Mengulas Papandayan” ( maklum, anaknya suka mimpi jadi pembawa acara kondang soalnya ) Nah, d...